SERAT WEDHATAMA TEMBANG POCUNG

PUCUNG

1
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku,
lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
setya budya pangkese dur angkara.


2
Angkara gung, neng angga anggung gumulung,
Gogolonganira
triloka, lekere kongsi,
yen den umbar ambabar dadi rubeda.

3
Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun,
semune ngaksama,
sasamane bangsa sisip,
sarwa sareh saking mardi marto tama.

4
Taman limut, durgameng tyas kang weh limput,
kereming karamat,
karana karohaning sih,
sihing Sukma ngreda sahardi gengira.

5
Yeku patut, tinulad-tulad tinurut,
sapituduhira,
aja kaya jaman mangkin,
keh pramudha mundhi dhiri lapel makna.

6
Durung pecus,kesusu kaselak besus,
amaknani lapal,
kaya sayid weton Mesir,
pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.

7
Kang kadyeku, kalebu wong ngaku-aku,
akale alangka,
elok Jawane denmohi,
paksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekah.

8
Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh,
lumeketing angga,
anggere padha marsudi,
kana-kene kaanane nora beda.

9
Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu,
yen kabul kabuka,
ing drajat kajating urip,
kaya kang wus winahyeng sekar srinata.

10
Basa ngelmu, mupakate lan panemu,
pasahe lan tapa,
yen satriya tanah Jawi,
kuna-kuna kang ginilut triprakara.

11
Lila lamun, kelangan nora gegetun,
trima yen kataman,
sakserik sameng dumadi,
trilegawa nalangsa srahing Batara.

12
Batara gung, inguger graning jajantung,
jenak Hayang Wisesa,
sana paseneten Suci,
nora kaya si mudha mudhar angkara.
13
Nora uwus, kareme anguwus-uwus,
uwose tan ana,
mung janjine muring-muring,
kaya buta-buteng betah nganiaya.

14
Sakeh luput,  ing angga tansah linimput,
linimpet ing sabda,
narka tan ana udani,
lumuh ala ardane ginawe gada.

15
Durung punjul, ing kawruh kaselak jujul,
kaseselan hawa, 
cupet kapepetan pamrih,
tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.


Previous
Next Post »
Thanks for your comment